RAWA PENING
Kanggo sampurnane ngelmu sangkan paraning dumadi. Ki Ajar salokantara budal saka gedhong sanga menyang puncake
Gunung Merbabu. Nalika arep budhal Ki Ajar ninggal wangsit marang wong-wong
wadon ing kono supaya ora mangku gaman nalika rajang-rajang.
Nanging kapriye bae manungsa kuwi nggendhong lali. Mangkono uga Nyi Endang
Kirana iya lali marang wangsite Ki Ajar salokantora. Pinuju rewang wong duwe
gawe. Salagine ngirs-iris iwak, pesone di selehake ing pangkone. Awit nrajang
wewaler. Endang kirana banjur ngandhut. Tumekaning sanget, Endang kirana ora
nlairake jabamg bayi, nanging nglairake ula gedhearan Baruklhintng.
Ing sawijining bengi Baruklinthing ndengek ngakak-ngakak ilate melet-melet.
Matane gedhe saterabang miring katon mencorong, kulite pating krelap kaya di
tretesmas kena sorote rembulan. Wong-wong sing weruh padha miris atine, sawene
ana sing eling. Banjur kiajar salokantara ing merbabu. Sadhela bae banjur ana
angin midid. Sawarane gumrubuk ambune wangi, mitandani rawuhe Ki Ajar
Ki Ajar salokantara sing prayata sidik paninggale, asem nandika lirih.”Aneh
nemen kadhadean niki. Mara rungkna Baruklinthing. Lamun kowe bisa nglikeri
Gunung Merbabu tepung gelang. Kowe dakaku anak. Nanging yen ora bisa, bakal
tamat riwayatmu”.
Krungu nandikake Ki Ajar, Baruklinthing ngayuhi, sarta banjur wiwit
nglekeri gunung Merbabu. Baruklinthing tleser-tleser mlaku. Dalan di ambah dadi
tegok dawa banget. Banjur dadi marga sadawane kali, di arani kali Panjang.
Baruklinthing nglekeri gunung, awake melar saya dawa, kaya karet bae.
Kurang sailat bae bisa tepung. Nanging awake ora bisa melar maneh. Najan di
paksa-paksa tetep ora gatuk. Baruklinthing banjur ngeletake ilate kanggo
nyambung bisa tepung tekan buntute.
Ki Ajar priksa ilate ula dieleteke. Khanti trengginas ilate dikethok. Ki
Ajar ngendika,”besuk yen gentur tapa mu ing kono kowe bakal dadi manungsa
lumrah”.
Banjur ngendiko mengkono Ki Ajar terus balik marang pratapane ing puncake
Merbabu. Tugelane ilat mau di gawe tombak, aran tombak kyai Barukuping. Sanalika
awake Baruklinthing lemes, lumpruk ora bisa lunga-luna. Awit saka lawase,
nganti kagubet oyot-oyotan lan ketutup ing thethukulan.
Kocape ing Banawara, desa saelore gunung Merbabu. Pangrepe wong desa kono
diarani Ki Juru Mathokan ing wektu iku lagi mandhegani wong desa sing padha
mbebedhag kanggo kapreluane memetri desa. Nanging nganti awan durung oleh
beburon kabeh padha gumun dene ing nalika iku ora weruh kumliweren kewan,saka
kesele anggone padha mlaku,banjur padha leren. Sapira kagete dene oyot sing di
lungguhi mau ngetokake getih. Sawise cetha
yen iwak terus di berek-berek dadi rayahan wong sing padha bali. Dheweke
ora padha ngerti yen satemene iwak mau ya saka ula gedhe kang aran
Baruklinthing.
Siji bae ora ana sing ngira yen mulihe di tutake bajang.Satekane Banawara
si Bajang clingukan. Ora ana sing di jujug saka bingunge mung klintar-klintir
ing desa kono, ngiras ngenteni matenge iwak.
Bareng wis sawetara wektu, kira-kira dene padha mangsak iwak wis mateng.
Bocah bajang mara menyang omahe Ki Juru Mathokan njaluk iwak. Krungu tembunge
si Bajang Ki Juru nesu.Kawetu tembunge kasar,’’ jebul mung arep ngemis bae. Ora
melu kangelan melu enake. Kara minggat ! wong kene ora sudi kanggonan dhapurmu
!’’
Si Bajang klithih-klithih lunga, marani omah bobrok . Gedheg lan cagake wis
padha leyot.
“Nuwun, mbak”. Panyapanf barang wis cethayen sing ana wong wadon tua,”O,kowe,le
! Rene mlebu ning umah kene!”. “Aku ngelih, mbok. Pirang-pirang dina ora
kelebon pangan”. Kandhane Bajang karo linggih lincak. . ”Kebeneran aku diwenehi
iwak rong iris. Nya, kowe sairis”. Oleh
ngladekake kaya karo keluargane dewek, ulate sumeh. Atine seneng dhene bisa
nolong wonglia. Sanajan dheweke kacingkarangan.
“Matur nuwun, mbok. Rhene wis wareg oleh ku mangan, saiki aku arep nonton”.
Kandhane Bajng garo nggawa iwak sing durung dipangn. “iki wayange durung talu.
Wong-wong lagi padha kunduren. Kowe mengko ana kana sia-sia.” “Aku mung arep
ndeleng, mbok.” Bajhang noleh karo kandha.”Yen ana banjir bandhang, nunggang
lesung karo nggawa enthong, ya mbok!”
Mbok randha sing arane mbok Lebah mara prelu neges. Nanging Bajang mbak
lepat wis ora katon gegere. Mbok lebah mbalik mlebu, ing batin akeh pitakone.
Gek apa karepe, bocah iku sapa, saka endhi, lan pan maring endhi, lan lia-liane.
Tanpa prabawa bocah bajang nancepake sada ing latar kanggo sayembara sapa
sing bisa mbedhol. Wiwitane bocah cilik-cilik pada mbedhol, nanging siji bae
ora ana sing bisa. Suwe-suwe wong-wong tua sing padha kendhuri uga kepengin
nyoba. Ea semono ya ora ana sing bisa.
Kl Juru Mathokan mara karo muring.
“Heh bayi kere wingi sore wis nggawe ribut. Lah wong sayembara ko mbedhol
sadha. Totohane gulu. Nek pancen bosen urip, ngendatha bae, ora-orane dhak
tulungi.”SiBajang mung jegegeng nyawang ki Juru sing lagi muring. Sing disawang
saya mubal nepsune. Rumangsa disepelekna bocah.
“Mundura ! Bocah arep modar bae kakehan pretingsing. Dhak bedhole ! Bocahe
kalekna kali bae, bar!” Kandha mangkono tangane ki Juru nkabut sada. Sapisan
dikira mrucut, dibaleni tetep ora bisa. Ki Juru ngtok karosan. Penthengthengan
nganti abang ireng. Otote pating lengkirik, mripate kaya copot-copotan.
Ewasamono ora megek, sanajan akrh sing ngrewangi mbedhol bebarengan. Sadane
mbalah saya ambles.
Si Bajang, sukmane Baruklinthing, ngguyu cekakakan karo malang kadhak
kawetu tembung. “He, wong Banarawa, sing wuta marang kebecikan. Aja dumeh lagi
bisa, banjur gumedhe. Elingamenawa urip ikumung sekedhepe netra, nanging kebak
duraka. Yen ora ngati-ati, bakal seng sara tekan nereka”.
Sada banjur di cabut dening Bajang dhewe. Tilase dadi tuk kang gedha banget
kang metune banyune. Desa banawara geger puyengan, sadhela bae sirep. Desa
saisine kelebon banyu, dadi rawa. Kesuwur aran Rawa Pening, mung mbok lebah
sing selamet. Kelakon nunggang lesung walehan enthong nganti tekan Demak.
Lemah gendhal ana ing sada di sawatake ngulon dadi Gunung Kendhalisada.
Dene iwak sing isih digembol si Bajang di rogoh. Di sabda dadi ula gedhe, di
jenengi Baruklinthing. Baraklinthing nusul ajar marang salokantara gunung
Merbabu. Sarpa bangsa di saprahi nguasani rawa saisine dalah kabeh lelebut sing
manggon ana ing kono.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar